JOGLOSEMARNEWS.COM Daerah Sragen

Lirik Lagu Campursari Podang Kuning Sragenan yang Lagi Viral

Penyanyi campursari, Rini saat tampil unjuk suara. Foto/Istimewa
ย ย ย 

PODANG KUNING

Isuk awan ning omah wis ora krasan
Keluyuran anggolek’i sing tak sayang
Mubeng-mubeng mider anggonku goleki
Ora kroso esuk awan nganti wengi

Eman-eman yen ngerti liyo kang nyawang
Kleyang-kleyang tak sawang mencok ning epang
Gegancangan tak rindek soko kadoan
Sarwo ngoceh dewek’e ngalih pencok’an

Welah kae tak jaluk mbok ojo ngece
Podang kuning agawe pikirku koming
Seret ireng tak sawang katon manise
Ati bungah yen klakon dadi duwek’e

Ora bakal hatiku pengiwang liyan
Yen si Podang handudut ati kepranan
Ora mendo atiku sansoyo ndodro
Tak sranani sun pikat pulute bedo

Eman-eman yen ngerti liyo kang nyawang
Kleyang-kleyang tak sawang mencok ning epang
Gegancangan tak rindek soko kadoan
Sarwo ngoceh dewek’e ngalih pencok’an

Welah kae tak jaluk mbok ojo ngece
Podang kuning agawe pikirku koming
Seret ireng tak sawang katon manise
Ati bungah yen klakon dadi duwek’e

Ora bakal hatiku pengiwang liyan
Yen si Podang handudut ati kepranan
Ora mendo atiku sansoyo ndodro
Tak sranani sun pikat pulute bedo
(***)

Baca Juga :  Akhirnya Partai Gerindra Putuskan Berikan Surat Rekomendasi Ke Bowo Suwardi di Pilkada Sragen 2024
  • Pantau berita terbaru dari GOOGLE NEWS
  • Kontak Informasi Joglosemarnews.com:
  • Redaksi :redaksi@joglosemarnews.com
  • Kontak : joglosemarnews.com@gmail.com